Sang Senapati (Lakon Kethoprak)

Gambar Produk 1
Rp 50.000 Rp 40.000
Judul: Sang Senapati (Lakon Kethoprak)
Penulis: Eko Purwanto
Penerbit: Penebar Media Pustaka

ISBN: 978-623-6875-45-2
Kertas: Bookpaper BW
Ukuran: 14x20cm
Jumlah hal: 106 Halaman
Finishing: Soft Cover, Perfect Binding
Arya Panjalu, Senapati Jipang Panolan ora pracaya yen bendarane, Kanjeng Adipati Arya Penangsang gugur nalika ngraman marang Sultan Hadiwijaya. Kanggo golek sisik melik lan bebener, Arya Panjalu ngulandara tekan ing desa-desa ing wewengkon Pajang. Pangulandarane tekan ing Kademangan Mangir. Ing Mangir, Arya Panjalu salin jeneng dadi Wungkal supaya wong-wong Mangir ora cubriya. Wungkal sing biyene senapati perang pilih tandhing lan ngedap-edapi nalika ngadhepi mungsuh, sakkal malik dadi wong desa sing prasaja lan sregep tandang gawe nalika dipasrahi gaweyan . Wungkal ngenger ing dalem kademangan. Kabeh gaweyan sing ana, ditandhangi kanthi legawa lan ati sing seneng. Kanggone Wungkal, kabeh gaweyan iku bisa dadi panglipur wuyunge sawise kasoran jurit nalika biyen mungsuh Pajang. Wungkal sing sasuwene iki nyekel pedhang lan keris, wis ora wigah-wigih meneh nyekel sapu, lan kampak nganggo meceli kayu.
Kasregepan lan kaprasajan Wungkal kuwi wusana narik kawigaten cah-cah wadon ing kono, kalebu Laras lan Sumunar. Nanging kabeh mau ditanggapi memper-memper wae dening Wungkal. Kedadeyan-kedadeyan kang dumadi ing Mangir, pranyata nyeret Wungkal lan kasil mbukak mata batine yen sasuwene iki isih akeh para kawula sing durung ngrasakake pengayoman saka para panguwasa. Laras, anak wadone Ki Wira kasil dibebasake nalika diculik Prakosa. Bledheg Ijo, tetungguling para brandhal sing sasuwene iki kasil meres asiling bumi Mangir, ora kuwawa ngadhepi Wungkal. Wungkal wusana kapercaya dening Demang Wanakerti nggladhi olah kanuragan marang nom-noman Mangir. Wungkal kabiyantu Panunggul bisa ndenangi krenteging Adipati Sardula Kenaka sing bakal nguwasani Mangir amarga Mangir ora gelem nyedhiyani asiling tetanen marang Kadipaten Segara Yeksa. Kabiyantu Prajurit Wiratamtama saka Pajang, Wungkal uga sing wusana bisa ngalahake Adipati Sardula Kenaka ing perang tandhing nalika Mangir diserang Segara Yeksa. Sawise ngalahake Adipati Sardula Kenaka, jatidhirine Wungkal sejatine bisa kadenangan dening Patih Pramanca Nagara kanthi niteni aji pamungkase Wungkal, Aji Guntur Naga.

ORDER VIA CHAT

Produk : Sang Senapati (Lakon Kethoprak)

Harga :

http://www.penebar.com/2022/09/sang-senapati-lakon-kethoprak.html

ORDER VIA MARKETPLACE

Diskusi